Thursday, February 28, 2013

** PADANG BULAN **

اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

 Padang bulan, padange koyo rino...
Rembulane sing ngawe-awe  2X
Ngelengake, ojo turu sore...
 E... Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore  2X

 Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine...
Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine  2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran...
Anak putune, rame rame rebutan warisan 2X

Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah...
Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah belah) 2X
Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat...
Jebul kang teka - Jebul kang teka, nambahi fitnah 2X

Iki dino, ojo lali lungo ngaji...
Takon marang, Kyai Guru kang pinuji 2X
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan...
Insya Alloh, kito menang lan kabegjan 2X

Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan...
Esuk-esuk, rame rame luru ramalan 2X
Gambar kucing, dikiro gambar macan..
Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan 2X

Kurang puas kurang puas, luru ramalan...
Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan 2X
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an...
Jebul kang takon - jebul kang takon, wis ketularan 2x


اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ


** SHOLLU ‘ALAN NABI MUHAMMAD **

No comments:

Post a Comment